Mengenai Saya

Foto saya
Informasi-Komunikasi dan Teknologi memfasilitasi kita untuk saling berbagi makna kehidupan. Pengelola dapat dihubungi melalui e-mail : darssetia@yahoo.co.id

Selasa, 01 Januari 2008

TAHUN BARUAN 2008 WONTEN SOLO

Dinten puniko tahun baru 1 Januari 2008, mbah Dar nembe wonten Surokarto Hadiningrat, saperlu nuweni kepenakkan ingkang nembe dados pinanganten inggih puniko Mas Ginjur alias tole Yan putranipun Dik mantri ingkang ongko kalih.
Hiburanipun wonten pawiwahan puniko mboten sanes inggih organ soho campursari khas Solo, biduanipun kalih estri tur ....waduh...kempling saestu.
Naliko biduan kekalih duet nembang "O...o.. kamu ketahuan pacaran lagi,...dengan si dia teman lamaku.." terus mikrofonnipun simbah ampil lajeng kaliyan jejogetan rame-rame,...simbah tumut nembang syairipun mekaten "Oo aku ketuaan jadi pacarmu, karena itu aku nggak berani terus menggodamu, lihat depanku ada istriku..." waaah poro tamu ingkang rawuh lajeng sami gumujeng, malah wonten ingkang ngacungaken jempolipun pratondo "kok wani yo wong ono bojone melu njoget".
Lha kulo inggih wantun kemawon lha wong ngungkuri biduanipun, cobi menawi madep nyawang biduanipun lajeng ngungkuri estri kulo.......rak lajeng siyos mblaheni saestu!.
O..o..... aku ora wani nglirik cah kuwi.....padahal ayuuuuu saestu biduanipun kolowau, nanging inggih emut sampun sepuh tur simbah.....(heling...heling...yo nggeer...wis uzuur)

1 komentar:

Unknown mengatakan...

selamat tahun baru pak.

:) semoga templatenya bisa segera diganti baru juga.

CALON ASTRONOM

CALON ASTRONOM
ICHA cucu keduaku dari anak pertamaku Lia